Jumat, 29 Agustus 2008

Puisi Jawa

Puisi Jawa
Puisi Jawa kuwi salah sijine karya sastra Jawa. Puisi Jawa kaperang dadi loro; 1. Puisi Jawa Tradisional, 2. Puisi Jawa Modern.
Puisi Jawa Tradisional yaiku puisi Jawa sing isih kaiket dening paugeran-paugeran / aturan-aturan. kayata; guru lagu, guru wilangan, guru gatra. tuladhane tembang macapat, salah sijene yaiku

Asmaradhana.
Gegarane wong akrami = 8i
Dudu bandha dudu rupa = 8a
namung ati pawitane = 8e
luput pisan kena pisan = 8a
yen gampang luwih gampang = 7a
yen angel-angel kalangkung = 8u
tan kena tinumbas arta = 8a

Puisi Jawa Modern yaiku puisi Jawa sing wis ora kaiket dening aturan-aturan utawa bebas.
surasane bisa rasa seneng, nesu, sedhih lsp.

tuladha 1

Dhuh wong ayu
kang dadi pepujangku
ing wayah rina lan dalu
mung sliramu kang dak antu-antu

tuladha 2

ASU.......!
ASU.......!
ASU.......!
ASU TENAN....!

tuladha 3

ASU...CELENG!
ASU...CELENG!
ASU...CELENG!
ASU...CELENG PADHA WAE!

tuladha 4

kencot wingi kae nembe mari
deneng rika ora gelem ngerti
wis suwe inyong ngenteni
tekane bojone kang sejati
menyat...!
menyat...maning jiwa kang mati
nggawa urip ati suci
aja nglemboni
inyong bebeh dilarani


1 komentar:

nov mengatakan...

Assalamu'alaikum wr. wb. pak mugi,, :D